kuliah emang g pernah luput dr tugas..ini ni tugas mata kuliah komprehensi lisan jurusan pend bahasa Jawa smester 2.. dibawah ini adalah percakapan antara penjual telur,teman saya, dan saya. kami dimandat untuk menganalisis ada tidaknya alih kode dan campur kode dalam percakapan tersebut :)
Wawancara di pasar Demangan, tanggal 27 April 2011.
Nara sumber : penjual telur.
A. Hasil wawancara :
Y : nek Rembang kalih Cilacap adoh pundi?
X : Rembang kaliyan Cilacap? Rembang.
Y : oh tebih Rembang.
X : Rembang niku enem-pitung jam.
Y : oh nek Cilacap nem jam, anak kula. Cilacap niku lho, jalan Tasik.
X : niki Cilacap mbah.
Y : Pesanggrahan, Karangpucung.
X : Karangpucung.
Y : oh nggih, Karangpucung. Kuwi kuthane ning cerak. Nek putu kula Cilacap
ning Karangpucung.
X : Cilacap Karangpucung?
Y : inggih, nek ngebis medhun Karangpucung, jalan Tasik.
X : mbahe asli Jogja mawon? (campur kode)
Y : inggih, kula asli Jogja. Jogjane Krapyak, Widyomartani. Pancen kula nggih dosen kono kok, wetanku, Pak Imah.
X : dosen napa niku mbah? Teknik?
Y : nggih.
X : niki FBS, tebih saking teknik mbah.
Y : oh... Oh, niku wetan kula caket ning Solo.
X : pun dangu mbah sadean wonten mriki?
Y : oh, umur rolas taun kula leh bakul.
X : oalah sampun dangu.
Y : saiki wolung puluh loro taun, pitung puluh taun leh bakul.
X : niki kampung nggih mbah?
Y : inggih.
X : niku kang ageng niku napa mbah?
Y : endog banyak, limalas ewu.
X : setunggal? gangsalwelas ewu?
Y : inggih, niku anu murah.
X : murah?
Y : nek sing larang rolikur ewu barang, nek kula adol umum. (campur kode)
X : kilakan teng pundi mbah ngeten niki?
Y : disetori. Lah riyin ya neng bakul jalan Kaliurang. (campur kode)
X : ngeten niku namung didhahar napa saged kangge obat?
Y : niku lurahe endog niku, camate endog.
X : camate endog, katanya. (campur kode)
Y : camate endog lah endog banyak. Nek camate dina Jumat Kliwon. Gedhe- gedhene dina.
X : kalihwelas taun niku teng mriki napa saderenge sampun nate sadean?
Y : oh pun gadhah, teng Sentul tau, teng Shopping tau, sing teng wingking niki nggih bojo nggih saking pasar Demangan sing rada cerak.
X : pikantuk?
Y : yo kono sing cerak ing ijo rumino, sedesa.
X : peknggo..
Y : ya ora peknggo, seje kelurahan kok, nek peknggo gemang isin, isin mas ndak ndarani seneng dhewek, ngono lho.
X : berarti teng mriki sampun pinten taun?
Y : kula nduwe bojo rong taun urung kenal kok mas, ya kenal ming kenal, urung wani angor-angoran, rong taun iku nek turu ya turu saomah niku dhewek, ning padhane mbah kakung turu kono aku turu kene, ngono.., nek mbiyen arep methuk we wegah kok mas aku. Nek aku yo antarane telung taunan, rong taun setengahan. Nek mbiyen methuk we isin.
X : sakniki isin-isin?
Y : sakniki ndakan mati.
X : ngeten niki ngantos jam pinten mbah?
Y : niki mpun meh.
X : sakniki sampun badhe.
Y : nek bakule pun entek mulih.
X : nitih napa mbah anggenipun mriki?
Y : boncengan.
X : boncengan motor? kalih putranipun?
Y : inggih. Anak kula teng Cilacap pun dho ngudakke pensiun. Sampun sami kuliah.
X : larenipun pinten mbah?
Y : pat belas.
X : wah, kathah nggih mbah.
Y : pat belase wis padha gedhe-gedhe kok. Wis padha nduwe bojo, wong lenang-lenang pun padha gedhe-gedhe, mung gaweane ning sawah, mboten pegawe.
X : mpun pinten taun Mbah sadean teng mriki?
Y : riyin Jalan Solo mrika trus pindhah mriki. Daftaran rongatus kilo. (campur kode)
X : oh pindhah-pindhah nggih Mbah?
Y : Simbah mpun tekan kecamatan, tekan mrika kok, kabupaten. Nggih rongatus ngeten niki, rongatus kilo daftaran pemerintah.
X : bentene sadean teng Sentul kaliyan teng mriki napa Mbah?
Y : nek Sentul ki adoh, nek mriki cerak. Wong bakul sing penting bathi. Nek ora bathi yo ora entuk. (campur kode)
X : ngeten niki nggih dibeta wangsul?
Y : wah ngaya-ngaya.
X : mboten? Ditilar teng mriki?
Y : mboten, ditilar teng mriki.. Mulih yo lontang-lontang awak tok.
X : mboten ilang?
Y : jaga malem. (alih kode)
X : oh wonten ingkang njagi. Mboten wonten tikus, Bu?
Y : wah tikuse kathah. Nek Cilacap kuthane cerak kok nggih? Cilacap kuthane cerak. Nek Cilacap kuthane mengko mrene, nek kula menggok mrika.
X : terakhir tindak mrika kapan Mbah?
Y : mben, ngungsi sewelas dina.
X : oh ngungsine mrika Mbah? Cilacap?
Y : anake wedok dipethuk.
X : sakniki Cilacap malah gempa.
Y : niki ning anu, nek gempa wong adoh. Cerak gunung kok nggih. Pokoke nggih nek teng Majenang lima ngewu. Anggih kuthane Majenang.
X : nggene Mbah kula niku Majenang. Bapak kula asli Majenang, namung kula, ibu asli Purwokerto, dados sakniki teng Purwokerto.
Y : putu kula duwe omah Purwokerto. Cerak stasiun niko lho.
X : enten sederek teng Purwokerto?
Y : putu, putu Karangpucung angsal Purwokerto. Mpun nduwe anak siji, mpun nduwe buyut. Nek sing putu kula teng Bekasi. Langsung S1 terus daftar niku. (campur kode)
X : mencar-mencar Mbah.
Y : nggih. Sanjange yen entuk bayaran dienggo apa? Lha anak mung loro entas kabeh. Mung gari ibune ro bapakne. Nek nekoni bapakne , ”Pak samangke mpun boten ngragadi anak.” “Yo bayarane nggo foya-foya nok.” Isih ngingu wedhus okeh kae mas. Nek awan yo ngarit. Gek mben niku nek tinggal napa niku ndaptaran eh penataran tukokne tela sakwintal. Kula niku nggih ngesek-ngesek tela. “Mpun Mbok nek kesel” “Yo ora” (campur kode)
X : tenaga ekstra (alih kode)
Y : nggih. Lha wingi merapi niku nggih teng mriku. Neng dipethuk kalih bojo kula niku.
X : dipethuk mriki?
Y : nggih ning omah Krapyak niku. Jam sewelas bengi teka. Mesakke leh niku. Nek kula mlaku isih rosa. Kakunge niku sing mesakke. Mbok isin banget niku. Travele niku mung tekan Purwokerto. (campur kode)
X : dipurugi teng?
Y : nggih neng omah jam sewelas bengi. Leh methuk neng bunderan. Gila kok wingi iku.
X : parah mriku Mbah?
Y : ora parah ning Simbah gila banget. Nek teng mriki doyan ngombe doyan mangan nek wektu iku boten kolu. Anakke iki S2 UGM sing mbarepe.
X : putrane ibu niku?
Y : nggih.
X : wah pinter-pinter.
Y : nek sing Beti iku langsung nyambut gawe. Ning nek nyambut gawe nyambi kuliah ki ra oleh.
X : kajengan fokus. (campur kode)
Y : nggih ra oleh. Ning perjalanane gek mben niku telung puluhewu. Munggah limangewu, mudun, munggah neh limangewu, mundun njur munggah neh limangewu. Dadi sekali jalan telung puluhewu. (campur kode)
X : berarti mangke pulang pergi nem puluhewu mbah? (campur kode)
Y : nggih telung puluhewu wong limalasewu.
X : oh gangsal welas gangsal welas.
Y : kosmu ndi?
X : kuningan.
Y : oh cerak. Lha iki?
X : kuningan, Samirono, Terban.
Y : oh cerak sedaya. Nek putuku kae tak kandhani “Nek saiki ngepit dhewe ati-ati nok. Telat disudo bayarane rapopo, diseneni bose rapopo sek penting ati-ati. ” Nggih mbah nggih mbah.” “Nek wanti-wanti yo mung ati-ati, nek udan nek ra wani yo ngeyup, nek wani udan yo rindhik-rindhik.” “Nggih mbah nggih mbah. Kula wingi nggih telat e mbah.” “Luweh”
Keterangan :
X : pewawancara (anggota kelompok)
Y : nara sumber (penjual telur)
1. Nek
Kata “nek” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “menawi”.
2. Niki
Kata “niki” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “punika”.
3. Ning
Kata “ning” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “nanging”.
1. Niku
Kata “niku” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “punika”.
2. Kang
Kata “kang” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “ingkang”.
3. Napa
Kata “napa” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “punapa”.
4. Pun
Kata “pun” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “sampun”.
5. Ming
Kata “ming” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “namung”.
6. We
Kata “we” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “kemawon”.
7. Sakniki
Kata “sakniki” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “sapunika”.
8. Mung
Kata “mung” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “namung”.
9. Mben
Kata “mben” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “biyen”.
10. Nggih
Kata “nggih” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “inggih”.
11. Mawon
Kata “mawon” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa
lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “kemawon”.
12. Leh
Kata “leh” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “anggene”.
13. Sing
Kata “sing” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “ingkang”.
14. Neng
Kata “neng” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “wonten”.
15. Teng
Kata “teng” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “wonten”.
16. Ndak
Kata “ndak” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan.
17. Meh
Kata “meh” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “badhe”.
18. Mpun
Kata “mpun” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “sampun”.
19. Dho
Kata “dho” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “padha” atau yang lebih halus adalah “sami”.
20. Wis
Kata “wis” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “uwis”.
21. Ki
Kata “ki” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “iki”.
22. Enten
Kata “eten” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “wonten”.
23. Ra
Kata “ra” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “ora”.
24. Gek
Kata “gek” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam . Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “kala”.
25. Neh
Kata “neh” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “maneh”.
26. Njur
Kata “njur” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “banjur”.
27. Ndi
Kata “ndi” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “pundi”.
28. Sek
Kata “sek” merupakan kata dari bahasa Jawa yang digunakan dalam bahasa lisan. Kata tersebut merupakan kata yang kurang baku dan dapat digantikan dengan kata baku “dhisik”.
29. Di dalam percakapan di atas, ada beberapa kata yang berfungsi sebagai pelumas percakapan. Kata tersebut digunakan dengan tujuan agar percakapan menjadi lebih luwes. Yang termasuk kata yang berfungsi sebaga pelumas percakapan adalah sebagai berikut :